Penunggu Kuburan

Penunggu Kuburan

🍃
Badrun karo Sodrun bengi2 peteng ndedet, nyolong pelem neng kebon, lagi oleh sak karung, ono asu njegog....Badrun karo Sodrun langsung mlayu banter wedi selak konangan.....!
👻
Tekan ngarep Gerbang Kuburan sing angker, peleme ono sing tibo, ngglundung 2..., tapi ditinggal wae mergo kesusu arep cepet2 umpetan neng mburi kijing tinimbang konangan.....
👿
Kendel tenan maling 2 iki....
🙈
Kiro2 wis kroso aman..., Badrun karo Sodrun mulai bagi hasil.....

"aku siji....kowe siji....aku siji...kowe siji...aku siji...kowe siji...."
Ngono terus...., ora let suwe ono wong liwat, yoiku Si Paijo....,deweke kaget, mandeg karo mrinding krungu sworo aneh seko njero kuburan angker......
💀
"aku siji...kowe siji...aku siji...kowe siji......."
🏃
Saking wedine.....Paijo mlayu marani daleme Pak Kyai sing cedak kono, lan karo ngos2an pucet ndeprok dengkule meh copot, Paijo crito bab memedi sworo neng kuburan wingit mau.....
👥
Pak Kyai penasaran, terus ngajak Paijo ngindik neng ngarep Gerbang Kuburan, ora wani mlebu.....Paijo gemeter gocekan sarunge Pak Kyai seko mburi.....

Seko jero kuburan tetep krungu sworo :
😱
"Aku siji...kowe siji...aku siji...kowe siji..."
👺
Paijo : "Pak Kyai....nopo niku sworo malaikat itung2an nyowo menungso sing sampun dicabut....ajeng dilaporke dumateng gusti sing kuwaos....?? Paijo takon bisik2 karo gemeter keweden.....
😾
"Mbuh aku dewe ora paham...." jawabe Pak Kyai karo ngampet ambegan.....
👀

Ora suwe....ono sworo maneh seko njero kuburan....
💭
"Iki pembagiane wis rampung kabeh, saiki gari 2 sing neng ngarep Gerbang Kuburan, kae arep dijupuk sopo...?? Kowe opo aku...!!??"
🐾
Krungu ngono...Pak Kyai karo Paijo mbengok : "WAAAAAAAA......blaik tenaannn.....!!"

Njenggirat kaget..... saknaliko Pak Kyai karo Paijo mlumpati kalen, terus mlayu ke-pontal2, nganti sandale copot.....lan sarunge mlorot.......!!!                     

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama